Senin, 04 Desember 2017

Dawuh K.H. NAFI' ABDULLAH SALAM Kajen PATI Yang Menyejukkan

Dawuh K.H. NAFI' ABDULLAH SALAM Kajen PATI Yang Menyejukkan
Entah berapa tahun yang lalu ketika sowan lebaran idul fitri..Karena saking banyaknya tamu, kami harus berdesak-desakan dari mulai masuk sampai ketika duduk.Lalu dengan rendah hati Beliau berkata.. :"Kene.. kene.. unjel-unjelan lah yo.. malah anget.."Beliau lalu tersenyum, membuat kami pun ikut tersenyum."ancen omahe cilik.. wes mugo-mugo wae sok neng kono diwehi omah sing jembar.."Lanjut Beliau, serempak kami pun meng_amin_kan ucapan Beliau itu.Pesan Beliau waktu itu..:"Pesenne yo.... Ojo mikir perkoro sing durung digaweGusti Allah... contone... kanggo bapak-bapak, ora usah mikir pengen dadi wong sugeh.. lah trus pye?? yo sing ono wae disyukuri ndisik........Kanggo sing enom-enom, ora usah mikir sok bojomu sopo... sopo wae nek iku ora jodomu, masiho mbok lamar sampek ping pitu likur.. yo tetep wae ora dadi jodomu..... tapi nek iku pancen jodomu, masiho mboktolak sampek ping songo likur.. yo tetep wae dadi jodomu...."___________Pesan Beliau di lebaran berikutnya.."Pesenne bapak mbiyen (Mbah Dullah), nek pengen anakmu dadi wong.. nek sodaqoh opo wae, niati nyedekahi anakmu....Iki nek sing sodaqoh iku bapake.. ganjaran sodaqoh iku iso dadi 4 in 1.. lohh sodaqoh iku yo ono sing 4 in 1barang..... Nomer siji bapake sing shodaqoh entuk ganjaran, wong tuwo lorone bapake lanang wedok yo entuk, terus anake sing dishodaqohi.....Lah nek sing shodaqoh iku mau ibuke, iki ganjaran shodaqohe malah dadi 7 in 1.... ibuke sing shodaqoh, wong tuwo lorone ibuke, terus bojone sing luru nafkah nggo shodaqoh, wong tuwo lorone bojone, terus anake sing dishodaqohi....Iku nekpengen anakmu dadi wong... lah opo ono anak wong ora dadi wong??? Ono..... Lah iku nek nuju ono bocah lanang wedok ngumpet nek nggon sepi... terus sing lanang muni ngene, kene wae lho sing ora ono wong... lahhh... berarti cahloro mau kan ora wong....Sing keno diarani wong iku yo sing gelem ngelakonikewajibane, gelem ngaji... iku sing diarani wong.."_____________Pesan Beliau di lebaran kemarin... (terakhir)"Nek awakmu lagi mangan, nek tengah-tengahe mangan ojo ngumbe.. lan sak bare mangan, ojo ngumbe ndisek ngenteni 30 menit; iku obat segala penyakit....Mbiyen awakku tau keno gula.. tak gowo neng dokter, disaranke kon diet.. ora betah terus akusowan neng Habib Luthfi... Karo Habib Luthfi diijazahi iku mau, nek bar mangan ojo ngumbe ndisek ngenteni 30 menit, iku obat segala penyakit....Terus tak takokno karo santri kene sing dadi dokter,opo tenan iku obat segala penyakit?? jawabe ooh njeh leres Yai.... Lah kok ora mbok kandakno wong-wong?? Lah mangkeh nek do ngertos lak geh mboten wonten tiyang sing sakit tho Yai.... Lahhh......"__________Salam Ta'dzim.. Kagem Beliau..KH AhmadNafi Abdillah Alfatihah...
Copas dari Ulin nuha gadon kudus dari Pak Totok Suryanto Semarang.

Tidak ada komentar:

Posting Komentar